Cerkak : Namung Kancan
おはよう、おはよう ...여러분(^^)/
Morning, Yorukou!
Hari ini aku akan
membagikan cerpen berbahasa Jawa. Karena YoruMong orang Jogja jadi harus
belajar bahasa Jawa. Yap, sebenarnya ini tugas pelajaran bahasa jawaku へへへ.
Tapi gapapa lah, ya (^ ^ )V. Sekalian buat referensi YoruKou yang ingin menulis
cerkak (cerita cekak) atau cerpen.
Then, let's check it out!
Namung
Kancan
-Titi Kusuma-
Wiwit cilik aku nduwe kanca jenenge Agnes. Agnes
iku murid pindahan ing kelasku. Umure Agnes luwih enom tinimbang murid-murid
liyane nanging dheweke murid paling pinter ing kelasku. Amarga awake sing
cilik, ireng, lan rambute kriting dheweke dadi bahan guyonan sak kelas.
Ing sawijining dina, kanca-kanca mbebeda Agnes
ngasi mripate mbrambangi. Sebenere aku ora peduli toh aku lan Agnes udu kanca
cedhak, nanging amarga aku ora tega aku mbela Agnes ing ngarepe kanca-kanca. Ora
dinyana, bocah sak kelas malah balik pada ngelokke aku.
“Cieee... Damar sengeng Agnes! Damar seneng
Agnes!” sorak bocah-bocah bebarengan.
Waduh! Niatku arep mbantu malah kena watu! Aku
bingung arep njelaske kaya ngapa, lehku omong ora pada dirungokake. Dumadakan,
aku malah keceplosan omong bab kang ala.
“Menenga!
Sapa sing seneng karo Agnes, hah?!”
“Bocah ireng kucel kaya dheweke iku ora pantes
disenengi!”
Agnes sing ana ing mburiku nangis kekejer
sinambi mlayu metu kelas. Bu Guru sing arep mlebu kelas ketabrak Agnes kang
lagi nangis. Lebar kuwi Agnes digawa ing UKS karo Bu Guru.
Swasana kelas dadi nyenyet. Amarga omonganku
kang marakke Agnes nangis kaya ngana, kanca-kanca pada ngedohi aku. Sedina iku
ora ana sing gelem cedhak utawa omon-omongan karo aku. Malah ana sing terang-terangan nyalahke aku. Atiku lara
banget, rasane aku pingin nangis. Aku ngerti yen aku salah, nanging sing liya
iya padha-padha salah, kan?
Lebar kedadean iku Agnes ora menyang sekolah
telung dina suwene. Agnes wedi yen dheweke menyang sekolah bakal dibebeda
maneh. Coba yen Agnes menyang dina iki mesti dheweke bakal ngguyu kemekelen
amarga uwong sing dibebeda udu dheweke nanging aku. Saben wektu ana wae sing
ngganggu aku ing kelas. Ana sing mung ngelokke nanging ana uga sing njegal lan
narik kursiku. Saiki aku ngerti kepiye rasane dadi Agnes.
Awan kuwi aku menyang omahe Agnes. Tekan omahe,
Agnes ora gelem nemoni aku. Dheweke isih lara ati amarga pocapanku dina iku.
Aku ngerti lan maklum marang sikape Agnes. Akhire aku mung bisa ngomong saka
ngarep lawang kamare Agnes.
“Agnes, aku nyuwun pangapura. Pocapanku dina iku
ora disengaja. Aku uwis ngerti kepiye rasane dibebeda. Kabeh uwong nduweni
kekurangan, ananging keluwihan uwong kasebut luwih penting. Kayata kowe sing
ramah, pinter, sabar, lan ora mbeda-beda sapa sing dadi kancamu,”
“Lan... yen bisa, aku pengin awakdhewe bisa dadi
kanca,”
Lebar ngomong kaya ngana ora ana respon saka
Agnes. Lawang ing ngarepku isih ketutup rapet. Aku mbalik awakku lan pamit
marang ibune Agnes. Pas aku uwis tekan ruang tamu Agnes metu saka kamare. Raine
isih kecut. Dheweke mlaku alon marani aku. Aku uwis siap yen Agnes arep nabok
utawa nendang aku. Nanging ora dinyana Agnes malah ngulurake tangane.
“Ayo kekancan...”
Jangan lupa sertakan sumbernya jika ingin menyalinnya, kay??
"Hargailah usaha penulis 💖💖💖"
Komentar
Posting Komentar